SINAU BASA jAWA


BAB 1 
CRITA RAKYAT




      Crita rakyat yaiku crita kang dicritaake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritaake ing maneka werna kahanan,ana ing sajroning kumpulan,utawa pinangka crita pamancing impen,lan sapiturute.
      Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai,antarane yaiku nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pemikiran,kabisan,lan karya cipta manungsa,nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha,lan nilai moral kang nduweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi  dhasare kauripane  manungsa lan masyarakat.
     
 TITIKANE CRITA RAKYAT
  1.panyebarane kanthi lisan.
  2.duweni sifat tradisional.
  3.sugih cakrik lan variasi.
  4.jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora  kaweruhan sapa nganggit).
  5.wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.

UNSUR CRITA RAKYAT
  1.Tema yaiku ide pokok crita
  2.Latar yaiku lakuning crita
  3.Paraga yaiku paraga ing sajroning crita.
  4.Alur yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
  5.Amanat yaiku pesen kang ana ing crita.
  6.Sudut pandang yaiku perkara kang dadi punjure crita.

TULADHA CRITA RAKYAT
  1.Candi Prambanan
  2.Timun mas
  3.Keong mas
  4.Bawang merah bawang putih
  5.Sangkuriang

BAB 2
BUSANA ADAT JAWA


     Ajining dhiri gumantung kedaling lathi,ajining sarira mapan ana ing busana.ngono iku unen-unen jawa supaya wong jawa ngati-ati anggone padha muna-muni lan ngetrepake busana utawa pakean.

BUSANA ADAT JAWA
          Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna,yaiku:blangkon utawa dhestar,beskap utawa atela,sabuk utawa setagen,keris,cindhe utawa sindur,epek,timang,jarik utawa nyamping,lan selop.
          Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. perangan blangkon ana pitung werna,yaiku mathak,komodho,wiron,cungkeng,mondholan,ubet utawa kupon,lan kuncung.Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkingan utawa curiga dumadi saka pitung perangan uga. pitung perangane keris iku jenenge ukiran,mendhak,rangka,godhong,wilah/katga/parung,pendhok lan ganja.

TULADHA BUSANA ADAT JAWA
1.Batik
    Batik minangka lambang negara indonesia lan titik sorot ing manca negara yaiku sandhangan asli Jawa Tengah.


2.Jarik
    Jarik yaiku kain batik kanthi macem-macem pola. jarik nduweni filsafat ,batik digunaake kanggo kagiyatan saben dinane wong wadon.


4.Kebaya


5.Blangkon

6.Beskap



BAB 3
TEMBANG MACAPAT

       Serat wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV kajaba ngemot pupuh pangkur lan pupuh sinom uga ngemot pupuh pocung. pupuh pocung  mujudake pupuh kang kaping telu,isine 15 pada.

SERAT WEDHATAMA PUPUH POCUNG

POCUNG
Ngelmu iku,kalakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangese dur angkara.

1.pupuh pocung ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 15 pada (bait) wiwit saka tembung 'ngelmu iku...' tekan tembung 'angkara'.
2.guru gatrane saben sapada tembang pocung ana 4.
3.guru lagune tembang pocung yaiku u,a,i,a
4.guru wilangane tembang pocung yaiku 12,6,8,12
5.supaya gampang dieling-eling,guru wilangan lan guru lagune tembang pocung biasane ditulis 12u,6a,8i,12a

POCUNG
Ilmu itu,dapat tercapai melalui usaha,
Diawali dengan kas,
Arti kas memberi daya 
Setia pada budaya untuk
 menumpas angkara murka.


pada iki mung salah siji saka 15 pada ing pupuh pocung serat wedhatama. saka pada kang wis dijarwake dadi basa indonesia mau bisa ditemokake tuntunan ing urip,yaiku:
1.manungsa kudu duwe ngilmu kanthi cara ngudi/usaha
2.anggone usaha diwiwiti kanthi  kas.
3.kang dikarepake kas yaiku ana daya kang njalari kuwat lan santosa.
4.santosa kanthi setya marang budaya kanggo mbentengi tuwuh lan wekare patrap angkara murka.



BAB 4
AKSARA JAWA


       Yaiku salah satunggalipun aksara tradisional nusantara kangge nulis bahasa jawa lan sawijineng bahasa daerah .
Ing aksara jawa ana sawetara tata cara nulis,uga ana sawetara unsur lan aturan liyane.


1. SANDHANGAN

2. PASANGAN

3.AKSARA SWARA


4.AKSARA REKAN



BAB 5

CRITA WAYANG



Wayang dumadi saka tembung "yang" utawa "htang" entuk ater-ater wa-. Tegese roh kang bisa gawe beja cilakaning manungsa.Wayang kanthi wujud seni pertunjukan drama sing kalebu seni sastra,seni musik,seni swara,seni rupa lan liyan-liyane.

A. Jenis jenis wayang

  1.Wayang kulit
  2.Wayang bambu
  3.Wayang kayu
  4.Wayang orang
  5.Wayang motekar
  6.Wayang rumput.

B. Nulis sinopsis wayang

Urut-urutane nulis sinopsis:

  1.Maca naskah asli dhisik
  2.Nyathet gagasan utama
  3.Nulis ringkesan adhedhasar gagasan
  4.Dialog lan monolog paraga cukup di tulis isi
  5.Sinopsis cerkak ora kena mimpang saka lakune crita.


Dewi Kunthi

Miturut kitab Mahabarata,Dewi kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita,yaiku kalebu putrising kepilih.Dewi kunthi ngewujudake keturunan krluarga Yadama,putri prabu basukunthi,raja ing mandura.Dewi kunthi nduweni sedulur,yaiju Arya Basudewa,Arya Prabu Rukma,lan Arya Ugrasena.

C.Nemoake tuntunan ing teks wayang
 Tuntunan ing teks wayang Dewi Kunthi,yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji,luwih becik menawa urip ayem tentrem nengenake paseduluran.




Sumber : gegaran nyinau basa jawa 1 SMA/SMK/MA
                gegaran nyinau basa jawa 2 SMA/SMK/MA
               gegaran nyinau basa jawa 3 SMA/SMK/MA


     

Komentar

  1. Jadi paham asal muasal candi prambanan

    BalasHapus
  2. mudah dipahami , keren bingiit✌️

    BalasHapus
  3. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus

Posting Komentar